Bawa Pangkur

ngambara ing awang awang
angelangut bebasan tanpa trebis
narabasing mega mendung
miber ngideri jagad
ngulandara nglembara ngunggahi gunung
ketungkul ngumbar gagasan
satemah ginawa ngimpi

Langgam Ngimpi Pelog 6

sripat sripit lembehane mrak kesimpir
gandes luwes wiragane anglam lami

sedhet singset besus angadi busana
dasar ayu maksih kenya tan kuciwa

tak caketi adhuh mesem sepet madu
ra sranta tak gandheng malah gumuyu

katon bungah kenya kang pada hapsari
kuciwane kabeh mau amung ngimpi

Pesan Blog Wong Jowo :
Sekedar berbagi cakepan ladrang, ketawang, gending, jineman, langgam dan aneka cakepan lagu tradisional jawa. Budaya yang adiluhung harus dijaga dan dilestarikan, jangan sampai hilang tergerus oleh berkembangnya jaman!

Post a Comment