Jaman saiki wes bedho karo jaman cilikkanku dekben, jaman semono wong tuwa meneng ae anak wes bingung metani kesalahan. Lah yen sak'iki, wong tuwa meneng si anak malah bebas ibarat di culke ra enek sing ngulatke, serba bingung ta ?
Unggah ungguh kuwi perlu di ajarke mrang anak, supayane sokbene yo ben ngajeni mrang sesama, saya meneh yen wes duwe pangkat, ben ora emban cindhe emban siladan, kudu adil mrang kawulone.
Aku sok kadang yo ngguyu dewe masalah basa kromo alus lan basa ngoko, cah cilik rep pamit mulih ae ngomong " mbah kulo tak kondur riyen .... " hlah :) ... yen ngono kui opo patut blas ?
Kondur iku ukara utowo ngomong kanggo piyayi sepuh kanggo sing luwih cilik, yen di unekne kanggo cah cilik mrang piyayi sepuh jelas ora gathuk. Ukoro basa jawa iku ncen akeh , karepe podo tapi pas tatrape kudu di eling-eling, ora gacho ngomong karo konca sak padan karo awake dewe.
Sak liyane basa kromo lan ngoko, kesopanan kudu di ajarke mrang anak e dewe, karepe sokben bakal di ajeni karo kancane genten. Ora brah breh mlaku yen pas piyayi sepuh lagi jagongan, kudu duwe unggah ungguh yo ben ra di grenengi tanggane.
Contone meneh, yen pas gowo sepeda motor, ojo malah ngebut yen enek piyayi do ndodok ng pinggir dalan kampung, kudu duwe unggah ungguh, kadang uowong kui dongane elik-elik yen pas ra kepranan. yen ngepit ning dalan gedhe rasah di kojah, la arep ngebut ra enek sing ngaru biru, paling mung di cekel pak polisi ...
Post a Comment