Urip ana ing  masyarakat Jawa asring ae krungu sepuh sepah utawa tuwa tuwas, wong tuwa sing ora ana gunane amarga ora isoh menehi wur yaiku bantuan sing awujud materi utawa dhuwit.  Tutur yaiku pitulungan sing awujud pitutur, lan sembur yaiku pitulungan sing awujud donga mrang awak'e dewe. Wong tuwa kang ora isoh menehi wur amarga urip mlarat [ ekonomi seret ] isih dianggep migunani angger bisa menehi pitutur lan donga kang becik marang anake.

Pitutur iku isoh diajarke nganggo cara piwulang sing di ajarke para leluhur, sing sifate transparan opo prismatik. Biasane pitutur di jabarke ana ing dongengan tanah jawa, contone legenda, dongeng lan lelagon. Satemah kanthi andharan ngenani makna kasebut, bocah bisa njupuk piwulang inti utawa pesen moral kang bisa digunakake kanggo mbangun mental, moral, lan kepribadian.

Pitutur Transparan Lan Prismatik

Ora sithik wong tuwa anggone ngaturake pitutur kang isih prismatik utawa kiasan. Biasane pitutur prismatik sing digunakake wong tuwa kanggo menehi pitutur marang anak-anake asale saka mitos. contone " yen madang ojo nganti ra entek, ingon2 pitikmu bakale mati "

Liyane kuwi, wong tuwa menehi pitutur kanthi transparan, blak-blakan tanpa tedeng aling-aling. Pitutur iki sakjane gampang banget ditampa dening anak-anak'e dewe. Anging wong tuwo sok kadang ora tego ngecolke rembug, pitutur kasebut bakal krasa nandes banget ning atine anak-anak'e dewe.

Yen dibandhingake menehi pitutur kanthi transparan, menehi pitutur kanthi cara anggunakake mitos iku luwih angel. Akeh wong tuwa sing ora isoh nguwasani makna sing dipunandharake ana ing mitos, mula saka kui pitutur iku malah isoh dai ancaman kanggo sing nerak. Akibaté, anak-anak nuruti pitutur sing adhedhasar rasa wedi lan ora amarga ngerti makna sing bener. Mulo saka kuwi wong tuwa kudu ngerti makna sing ana jroning mitos , ora mung waton ngomong sing ra enek sumbere.

Pitutur Liwat Cerita Rakyat

Ning jroning cerita rakyat ana pesan moral sing kudu dipunandharake dening tiyang sepuh dhateng anak. Mula saka iku, wong tuwa kudu tansah ngomong pesen moral sawise nyritakake cerita rakyat. Kanggo mucalaken pesan moral sing tersirat ana ing cerita rakyat, tiyang sepuh kudu akeh maca kanggo referensi. Gunane maca referensi iku isoh dinggo materi sing arep dipunandharaken kanggo anak-anak.

Pitutur Liwat Lelagon

Jaman cilikanku ndekben, saben pas bulan purnomo akeh anak-anak lang wong tuwa do dolanan ning nglatar. Wong tuwo do jagongan sinambi wedangan, anak-anak do dolanan playon karo sakbarakne. Pitutur lewat lelagon sing di tembangke dening anak-anak nalika dolanan ning latar isoh didadekno bahan pitutur lelagon tiyang sepuh. Supaya bocah-bocah ora mung apal geguritan ing legenda, nanging uga ngerti makna lan piwulang.

Akeh lelagon sing isoh didadekna pitutur tiyangsing becik lan luhur, sak ora-orane lelagon iku duweni  piwulang moral lan patut diwulangake dening wong tuwa marang anak-anake, contone: Lelagon Tamba Ati, Padhang Bulan, Ilir-Ilir, Gundhul-Gundhul Pacul, Menthok-Menthok, Sublak Sublak Suweng lan lelagon liya-liyane.

Pitutur Liwat Dolanan

Jaman dekben iku akah banget dolanan dolanan skanggo anak-anak, ananging, amarga owah-owahan jaman, dolanan anak-anak kaya wis ilang ing bumi. Anak-anak saiki wis ora dolanan jethungan, gatheng, jlong-jling, benthik lang liya-liyane. Anak-anak saiki luwih seneng dolanan hape ketimbang dolanan jaman dekben, mungkin ae wes tekan jamane " wesi isoh mabur " ...

Post a Comment